Tampilkan postingan dengan label TOKOH PEWAYANGAN. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label TOKOH PEWAYANGAN. Tampilkan semua postingan

Rabu, 19 September 2012

Dursasana Kapralaya

Isih ngocap rasani satriya Kurawa, beda maneh menawa ngandha Raden Dursasana, Satriya Banjarjunut, adhi cer Duryudana kangmase Durmogati, putra Destarata lan Dewi Gendari Suta.

Menawa Durmagati pawakane lemu semu ndhagel, prigel ngolah tembung luwih-luwih menawa nyecenges Sengkuni. Durmogati awake pendeng, uteke rada penceng, gulune mblesek raine ndangak, swarane bindheng, dene Dursasana gagah gedhe dhuwur, brengose sakepel, wok simbar jaja, swarane banter, sora guyune merga sajak kamban cangkeme.

Raden Dursasana duwe sisihan aran Dewi Saltani, lan peputra siji Raden Dursala, sing sektine ngluwihi ramane. Emane Raden Dursala tiwas dening Raden Gatutkaca sadurunge perang brubuh Baratayuda bedhah.

Dursasana utawa Duhsasana (Sansekerta: Duśśāsana), dhapukan Kurawa kang kadunungan sipat adigang adigung adiguna, seneng umuk angedhapruk sundhul ngawiyat, ngilani dayane liyan lan sok murang tata nggonjak saresmi dolanan wanita. Karemane ngombe banyu gendheng, vodka, whyski-cola, elek-eleke anggur cap orang tua kepara menawa ora ana liyane lapen ya kolu. Sumbare kaya mutung-mutungna wesi gligen, dhasare sinisihan bandha turah donya, sugih brahewu, karepe nyawa wae pengin dituku.

Patine Raden Dursasana ing perang Baratayuda, banget nrenyuhake, beda adoh kalayan lelakone kang brasak nyempal tunggak. Sawise lerepe Lesmana Mandrakumara putra Duryudana, sabanjure Dursasana sinengkaake ngaluhur ginadhang nggateake Duryudana ngembani Ngastinadiraja. Dursasana dieman ora oleh maju ayuda, malah Duryudana mapanake Dursasana ing dhampar kaprajan, sinambi ngamping-ampingi njaga Banowati sisihane Duryudana.

Nanging Banowati ora jenjem rasane lan ora tentrem atine, apa maneh ngerti menawa Dursasana watake brangasan, nggonjak cluthak marang sa sapaa wanita. Banowati banjur ngobong atine Dursasana kanthi telahan satriya jiirih wedi getih, Dursasana genten misuhi Banowati minangka mata pitane Pandhawa lan wis tumindak lelemeran slingkuh kalayan Arjuna, buktine Banowati luwih sedhih kelangan patine Abimanyu tinimbang kelangan patine Lesmana, putrane dhewe.

Dursasana saya suwe saya kebrongot atine amerga dicecamah dening Banowati. Kocapa kacarita Dursasana sigra cancut taiwanda sikep maju ngayuda, nggoleki mungsuh pilih tandhing Raden Bima Sena. Ganepe carita Raden Dursasana kalindhih ing yuda, matemah banjur keplayu nggenjrit ndhelik sidheman nyemplung Kali Cing Cing Goling. Bima Sena sedya nyemplung kali Cing-Cing Goling nututi Dursasana, nanging Kresna ngelingake Sena menawa kali Cing- Cing Goling wis di pasangi wirid donga sepata japa mantra ala dening Durna, menawa Pendhawa nyemplung kali Cing-Cing Goling mesthi bakal tumpes kalindhih yudane.

Watak licik Dursasana katon ing crita iki, saben-saben kalah perang kalayan Bima Sena, Dursasana nuli nyemplung kali Cing-Cing Goling, mesthi wae Bima Sena ora wani nututi nyemplung kali wedi kena walat sengker sing dipasang Durna. Ambal-ambalan Dursasana nyemplung kali Cing Cing Goling ngguwang rasa wirang sing penting slamet bisa ngulur nyawa, noya nayu baskara titi mangsa wus tumeka titiwancine sukmane Tarka lan Sarka mbales lara wirang. Tarka lan sarka iku tukang satang paru gethek kali Cing-Cing Goling sing diperjaya Dursasana kango tumbal kurawa. Tarka lan Sarka kaidinan sing murbeng gesang kanggo males lara wirang, utang pati ijol pati, nalika Dursasana diuyak Bima lan arep nyemplung kali Cing-Cing Goling Tarka lan Sarka njegal sikile Dursasana matemah nggeblak dhawah kantaka ing bantala, wurung nyemplung kali. Ing kalodhangan kuwi Bima age-age njambak rambute Dursasana diseret ngedohi kali Cing Cing Goling, banjur didugang, didhupak, dibanting, dicengkiwing, dibuwang persis kaya kesenengane Dursasana nalika nganiaya mungsuhe.


Mirsani adhine kaaniaya dening Bima, Duryudana ora mentala, prasasat tega larane ora tega patine, mula Duryudana ngerih-erih angarih Bima supaya ngeculake Dursasana lan gawe prajanjen menawa Baratayuda dipunggel dina iku uga, sabanjure bakal mbalekake Ngastina lan Indraprasta.

Bima bingung, ewuh aya ing pambudi, nanging Kresna ngelingake supaya Bima aja lena, kaya ngapa kejeme Kurawa duk ing uni, kepara wis wola-wali goroh lan ngapusi, tanpa ngeculake Dursasana, Pendhawa mesthi menang. Bima banjur bangkit kanepsone, Dursasana gya kacandhak, tangane Dursasana dipotheng-potheng, ditugel nganti ucul saka ugel-ugel, ditendhang nganti adoh tiba tebane. Bima Sena sajak ngetok kanepsone, Dursasana sing wis buntung, awake banjur disebit-sebit, getihe diombe nganti tatas telas.

Ing prastawa kuwi dumadakan Dewi Wara Durpadi marak ing tengahing ayuda, gya nyedhaki Bima sing isih gudras ludira. Durpadi nate nadar menawa bakal ngombe getihe Dursasana karana ing lelakon duk ing uni Dursasana wani nggonjak Wara Durpadi. Ngerti menawa getihe wis entek, Bima Sena banjur meres brengos lan jenggote sing isih teles gupak rahe Dursasana banjur diusapake ing rikmane Dewi Durpadi.

Sawise Kurawa tumpes kelor, Ngastina banjur di jeki dening Pandhawa., mesthi wae kasatriyan Banjarjunut bakal ganti critane.

-Tancep kayon-
KJG-

Yu Cangik Wurung Dadi Anggota Dewan


Wis sepasar iki aku ora ketemu Yu Cangik, embuh mblayang nandi, kamangka biasane thungal-thungul, kemlithih dolan nyang omahku, luwih-luwih wingi-wingi wektu mangsa kampanye kae, esuk awan sore bengi telpon lan sms ora ana kendhate. Piye-piye wis dadi kanca, kadhangkala ora mentala, wis ngerti menawa aku kaliyan Yu Cangik beda partai, nanging kanthi majune Yu Cangik dadi caleg, aku pancen kudu melu cawe-cawe. Paribasane tega larane ora tega patine, apa maneh Yu Cangik iku jejere wanita kang amung karibetan ing nyamping kagubet ing rikma, mula menawa aku ora asung pambiyantu mesthi wae akeh sing banjur nyalahake aku. Aku dhewe tiba ewuh aya, kepara malah ana pitenah menawa aku tumindak lelemeran “selingkuh politik” kanthi kampanye kanggo partai liya, ora selak genderaku lawas sing wis suwe tak belani pancen uga mbutuhake tenagaku. Aku mung kudu wasis andum wektu, andum gawe, kareben kabeh lumaku lan ora katon saru,

Bali marang crita ilange Yu Cangik, mendahneya kulawargane banget trenyuh lan prihatin, karana KPUD wis netepake sapa-sapa kang kepilih lan wenang nglenggahi kursi Dewan Perwakilan Rakyat Daerah. Entuk-entukane swara pemilih “by name” sing milih Yu Cangik, menawa digunggungsungsun durung nyukupi Bilangan Pembagi Pemilih (BPP) ing Daerah Pemilihan (Dapel) wilayahe Yu Cangik. Menawa dirasa pancen nggrantes, lan cures, wis direwangi keraya-raya ngentekake bandha, tembe mburine mung ngundhuh wirang, ninggal utang lan tuwuh samsara.

Jan-jane wingi-wingi aku ya wis ngelingake, menawa luwih becik Yu Cangik ngurungake anggone nyaleg, nanging sajake krentege ora bisa dipenggak, jarene kanggo neter kadigdayan jajag-jajag ngelmu, nglanggati pra pendukunge. Ana saweneh nom-noman sing saguh dadi cucuk lampah, utawa team sukses lan saguh mlaku golek swara pemilih. Nom-noman iki sing terus ngobong atine Yu Cangik lan kulawargane kanthi aweh palapuran saka lapangan menawa pendukunge Yu Cangik wis kompak lan sansaya akeh. Mesthi wae Yu Cangik banjur kebrongot lan cal-cul, nyah-nyoh ora owol ngucurake redana lan beya. Mbuh saka ngendi olehe redana lan beya mau, kepara apa sing bisa cepet dadi dhuwit banjur dilintirake mlebu gadhen. Wola-wali aku paring pemut supaya metune redana dikendhaleni, katimbang-timbang bobot gedhene kalayan kahanan, nanging Yu Cangik mbok menawa kadhung kadunungan rasa isin, gengsi menawa ora bisa nandhingi kampanyene caleg liya.

Tiba wektu etung-etungan swara jebul njeblug tenan, swara kang milih Yu Cangik mung sethithik, iku ateges ora jumbuh, glethek pethele Yu Cangik kapusan!. Plak kapidara njungkel ing bantala, nangis angraris ngiris ati, tumetesing waspa anjala niti mili satiti siji-siji. Yu Cangik rumangsa lara lan ora trima geneya kaya mangkono piwales sing ditampa. Kanggoku prastawa iki ora nggumunake, donyane politik pancen kaya ngono kuwi, sapa lena bakal cilaka, karana politik mung kebak wong sing licik, silih undhih golek menang kanthi cara apa wae. Wektu-wektu iki wis ora ana unggah-ungguh, suba-sita lan ngregani liyan, kanggo nggayuh kamukten wong tegel mrejaya mungsuhe kanthi wengis, kepara kanca bisa dadi mungsuh, mungsuh bisa dadi kanca.

Menawa dionceki pancen tatacara/system pemilu caleg iki banget ora adil, Pemilu caleg wektu iki mung duweke wong sing sugih bandha, ora ngladeni wong karep lan pinter nanging mlarat. Mula mundhak kedawa-dawa tak pupus crita bab Yu Cangik. Kareben Yu Cangik ngilang lan sesidheman sawetara wektu, Yu Cangik pengin gugat mring Hyang Manon njumenengi ratri, angrasuk weninge ati amrih caket mring Gusti. Mung kanthi cara mangkono bisa meper kanepson lan tata-tata kanggo ngadhepi ombaking urip kang luwih nggegirisi ing tembe wuri.

Risang Durmogati Tuku Bakmi


Nglajo Girimulyo – Wates adikarta wektu-wektu iki asring dilakoni Durmogati. Satriya clingus si Durmogati mau pancen uda wedanane mono mung bocah penyennyengan, ora genep bebudene nanging senajan cah ndesa jarene penemune asring dinut wong akeh. Kamangka Durmogati uga ora nate mangan sekolahan, paribasan nginjik pojokaning tritisan sekolahan wae ora, Mula pantes menawa Si Dur babar blas ora duwe ngelmu pangawikan sing kebak sanepa ngrambyang mblayang sundhul awang-awang malah kepara Durmagati mung kanggonan ngelmu loro yaiku : nakal lan kurang ajar. Ya kanthi agegaman ngelmu loro kuiwi Durmogati srawung, ngrakit tembung pikoleh ing dunung. Pancen antawecanane Si Dur iku thok leh blaka suta mathuk-gathuk tinemu bongkot lan pucuke, cocok cocot lan pratingkahe. mBok menawa kanthi tatacara srawung kang sarwa-sarwi prasaja mau Durmagati malah akeh balane, jembar tebane, mekar pasedulurane, nanging sruwa-sruwi ya akeh mungsuhe.
Peteta-petete sore-sore Durmogati wis jungkatan mlipis, singsot singsot lelagon langam ”Yen Ing Tawang Ana Lintang” semu blero pelog slendro, nanging tetep wae “pede”.“ Arep minggat nyangndi Dur? Pitakone Sengkuni semu ngece. Karo isih usreg ngisik-isik Honda Megapro Durmogati celathu “biasa man, namanya juga anak muda, tinimbang turu sore ajeng golek glibengan, niki kan musim politik, jadi…sebagai cah enom kula kudu melok ndelok kahanan, kulak prungu aja nganti kalimput ing warta, ngoten” Sengkuni njenggureng nggembol kreneng krungu wangsulane Durmogati tumuli ngeculake tembung raras ririh “weeh..ehh..ehk..eh, mempeng temen kowe Dur?, ora kapok-kapok kowe dolanan politik ya? Mungguh kowe iku wasis ing babagan politik mesthine nalika kowe wingi njago caleg kalis lulus bisa kepilih, lha buktine swara sing mlumpuk milih kowe ora punjul seka telung erte? mBok uwis rasah bedhigasan nunjang palang legan golek momongan, nang ngomah wae diperdi anggone among tani, sembulihe pesthi“. Durmogati ganti trataban diungkit babagan pemilu legislative sing wis ambarang wirang lan njomplangake lelakone, banjur wangsulan “ walllaaa..man, jas bukak iket blangkon sami mawon, sampean niku patih ning gak gaul, pantes wae Ngestina niki keok terus mungsuh cah-cah Pendhawa, lha sampean dadi patih ora ngudi, bisane ming mitenah, nglimpe lan adu-adu, prandekuno tumpakane jalukane mobil camry, seneng nglencer luar negri, mlebu-metu café-restoran pesta iwak tanpa eri, sak-sakane kartu kredit elek-eleke ATM BRI, ewwwuuuuiiiidihh patih ki nek ra kalap....kiii”

Katraju kasaru pinunggel ing kandha datan kena sapu dendha luput saru siku anggenira padudon Raden Durmogati kalayan Patih Harya Suman cinupet damar mancung, …kocapa kacarita Raden Durmagati mbrabat madal pasilan tumuwus lumaksana nitih turangga wesi kyai Megapro gya nganglang ngestreni pirembagan ing pasar Gawok, Dipan Wates nagri Adikarta. Hanenggih ingkang cinarita parepatan agung sampun kawiwitan ngrembag menggah rancangan kampanye pilpres. Cukat trampil trengginas ngolah tembung ambesut kandha risang Durmogati, matemah akeh wong alok menawa ta Durmogati iku sanajan bocah gendheng uteke cupet ora genep nanging kapranjingan akal licik rinacik okol julig, cinampur ngeyel tur ora wegahan, mula apa sing dirembug adoh ngayawara kepara mligi bab-bab sing kuwawa lan bisa dicake kewala.
Bubaran saka parepatan agung, Durmogati tumuli bali ndhangkane, “we alllaaaww..lelakon..lelakon..bot-bote anut grubyug ngoglengake negara golek pemimpin sing pro rakyat, sayah ora tak rasa susah, wegah ora tak gawe jenggah, kabeh mau mung kango ngibadah…owalllaahhh gusti…paringana kathok dawa..” mangkono risang Durmagati ngudarasa jroning nala, ambabar rasa anglaling lelimengane lelakon negara.
Jantra lakune si Durmogati kacihna wus tumeka ereng-erenge redi Tanggulangin, penere sak lor PPSJ Paingan Pengasih-asih. Sajak krasa luwe si Durmogati, mak kluwer titihan jaran wesi kyai Megapro banjur dienggokake mandheg latare mBah Tenggok. Mlebu bledheng Durmogati nggloso ing lincak dawa kaya adat sabene, bertek-bertek swarane mbah Tenggok anambut silaning akrami rawuhipun si Durmogati ”koq sonten-sontenan den, saking tindak pundi rak nggih sami wilujeng to? Ngersaaken ngunjuk punapa? Dhahar boten?” Durmogati banjur wangsulan ”biasa mBah, rasah crigis”. Let limang menit mBah Tenggok wis metu nggawa wedang teh gula batu sing kondhang sinebut wedang kebo ndhekem, kampul-kampul kumebul nantang lambe sajak njaluk disrutup sak wadhahe, ujare Durmogati ”whuadalah...bojleng-bojleng belis laknat jeg-jegan ....kangen tenan gue sama wedang kebo ndhekem huiii hiii hiiki ” Mesthi wae Durmogati krasa kangen kepethuk teh nasgithel, lha wong nang kasatriyan Ngastina omben-ombenane saben dina mansion house campur cola elek-eleke lapen je. Ora nganti gantalan suwe bakmi goreng kinyis-kinyis sak piring mundhung nganti kaya gunung jamurdipa sigra kawiwaha. ”monggo den, bakmine, niki wau kula tambahi swiwi karemene den Dur, lomboke mendhet kiyambak ten mbesek” celathune mBah Tenggok semu sengol, ora sengaja pancen lageh lambeyane mBah tenggok kaya mangkono. Ora nganggo wangsulan, banjur thakur sengkut Durmogati lungguh jegang sila tumpang, ngrahapi bakmi goreng kanthi tanpa tidha-tida lan trapsila apa maneh suba sita, niate mbayar kok ngapa ndadak isin-isin, mengkono batine Durmogati.
Rampung nguntal, Durmogati age-age nyengkal nyengklak jaran wesi kyai megapro, bablas bali, mlebu kamar banjur kemul sarung, mesthi wae sing wedok angrarih ukara mendha ” ora dhahar sik po mas?” Durmogati wangsulan cekak ”rak!”
Tancep kayon...
KJG